Don’t be afraid of advanced slowly, be afraid of nothing progress (งˆ▽ˆ)ง

Unggah-Ungguh Basa Jawa

Ana ing tanah Jawa, khususe ing Jawa Tengah, basa Jawa iku isih nduweni guna paedah kang gedhe banget ana ing satengahing bebrayan, amarga basa Jawa isih akeh sing nggunakake. Mula nggunakake basa Jawa iku kudu trep ora kena tumpang suh, salang tunjang.

Basa iku minangka sarana kanggo nulis, maca, ngrungokake, apa meneh guneman. Guneman prelu nggatekake unggah-ungguh basa, upamane guneman karo kanca, karo wong tuwa, guru lan liya-liyane.

Supaya trep anggone nggunakake unggah-ungguh basa, ana 4 prakara sing kudu ditindakake, yaiku :

  1. Mawas Dhiri tegese yen guneman kudu bisa ngukur kalungguhane marang wong sing diajak guneman.
  2. Mawas Basa tegese kanggo guneman bisa nggunakake basa ngoko lugu, ngoko alus, krama utawa krama alus.
  3. Mawas Tembung-tembunge tegese ora pareng kleru anggone ngucapake basa umpamane : pejah karo seda, nedha karo dhahar, lenggah karo pinarak, lsp.
  4. Mawas Sikep tegese tindak-tanduke kudu trep karo basa sing digunakake.

Ing jaman biyen cacahe unggah ungguh basa iku akeh banget, kurang luwih ana 8 jinis. Nanging saiki sing prelu dimangerteni lan disinau cukup 4, yaiku :

  1. Ngoko lugu
  2. Ngoko alus
  3. Krama lugu
  4. Krama alus

Basa Ngoko Lugu

Wujude : tembung ngoko kabeh, ora ana kramane.

Panganggone :

  1. Menyang sapadha-padha kang wis kulina banget.
  2. Menyang sing kaprenah enom.
  3. Yen lagi ngunandika.
  4. Tumrap bocah sing durung bisa guneman ganep.

Tuladha :

  • Mengko yen bali sekolah aku arep mbonceng.
  • Dhik, aku tulung tukokna garisan ana ing koperasi ya!
  • Kowe sesuk sida melu piknik menyang Jakarta?
  • Wis dadi kuwajibane siswa kudu sregep sinau.

Basa Ngoko Alus

Wujude : tembung ngoko kacampur krama inggil

Panganggone :

  1. Sadulur tuwa marang sadulur enom kang luwih dhuwur derajate.
  2. Garwane priyayi marang sing kakung.
  3. Priyayi marang priyayi yen wis ngoko-ngokonan.

Ana ing basa ngoko alus, tembung-tembung kang perlu dikramakake, yaiku :

  1. Kowe dadi panjenengan
  2. Tembung-tembung kang dadi pakaryan lan kahanane wong liyan
  3. Ater-ater kok/ko lan panambang –mu dadi panjenengan
  4. Tenbung-tembung kang gegayutan karo wong liya minangka pakurmatan
  5. Darbeke wong liya.

Dene tembung-tembung kang isih tetep basa ngoko yaiku:

  1. Aku
  2. Ater-ater dak/tak, ater-ater di-, kabeh panambang kajaba panambang mu-
  3. Tembung-tembung kang nuduhake pakaryan lan kahanane awake dhewe
  4. Tembung-tembung katrangan, panggandheng, ancer-ancer, wilangan, lsp.

Tuladha :

  • Sliramu saiki wis kepenak, wis cedhak anggone nyambut gawe.
  • Panjenengan yen tindak latihan senam dina apa?
  • Mas, aku ora bisa nyaosi apa-apa marang panjenengan.
  • Dhik, sesuk aku nyuwun ngampil sepatu olah ragane panjenengan entuk apa ora?
  • Yen panjenengan kersa mangga dak aturi.

Basa Krama Lugu

Wujude : tembunge madya (ater-ater lan panambange krama)

Panganggone :

  1. Kanggo sapadha-padha sing wis kulina padha drajate.
  2. Garwane priyayi marang sing kakung.
  3. Priyayi marang sadulure tuwa kang luwih asor.

Tuladha :

  • Sampeyan niku pripun ta Mas, saprika-sapriki kok ngoten mawon.
  • Sampeyan niku saniki kantun enggar-enggar penggalih kemawon.
  • Dinten niki kula badhe kesah, sampeyan siyos nitip napa mboten?
  • Ibu ajeng kesah dhateng Jakarta, sampeyan tumut napa mboten?
  • Napa ndika saking desa ngriki mawon ta Mas?

Basa Krama Alus

Wujude :

  1. Tembunge krama (ater-ater lan panambange krama)
  2. Krama inggil (tumrap wong sing diajak guneman)

Panganggone :

  1. Wong enom marang wong tuwa
  2. Batur marang bendarane
  3. Murid marang gurune
  4. Andhahan marang pimpinane
  5. Kanca karo kanca sing during kulina

Tuladha :

  • Anggen kula ngentosi Panjenengan ngantos dangu, nanging Panjenengan mboten rawuh-rawuh.
  • Bu, mangke dalu kula badhe sinau kelompok kaliyan kanca kula.
  • Manawi kepareng pak guru, kula badhe ndherek karyawisata klas III benjang Setu.
  • Adhi kula menawi badhe tilem nyuwun dipuncariyosaken dongeng Kancil Nyolong Timun.
  • Pak, kepareng badhe matur : “Mbenjang wulan ngajeng kula nyuwun dipuntumbasaken sepatu enggal, amargi sepatu kula sampun risak”.

Sasaran dan Inditator Kegiatan Pengembangan Kompetensi Lulusan Rencana Kerja Tahunan (RKT) dan Rencana Kegiatan dan Anggaran Sekolah (RKAS) 2013
(sesuai dengan Implementasi Permendiknas nomor 23 tahun 2006)Sasaran : Peserta didik dapat mencapai target akademis yang diharapkan
Kegiatan dan Indikatornya

  1. Penyusunan Kriteria Ketuntasan Minimal (rutin). Indikatornya: Tersusunnya KKM dengan dari semua kurikulum pembelajaran kelas.
  2. Penyusunan Kriteria Kenaikan Kelas (rutin). Indikarornya: Tersusunnya Kriteria Kenaikan Kelas dengan Baik.
  3. Ujian Akhir Sekolah / Ujian Akhir Nasional (rutin). Indikatornya: Nilai UASBN menuaskan ( >7 )
  4. Rapat UAN/UAS (rutin). Indikatornya: Terlaksanannya rapat UAN/UAS yang baik dengan menghasilkan Jadwal Ujian, Pengawas dan Pemeriksa Ujian, tertulis maupun praktek.
  5. Rapat Kelulusan (rutin). Indikatornya: Terlaksananya rapat kelulusan yang menghasilkan daftar peserta didik yang lulus dan peserta yang akan melanjutkan ke jenjang SMP/MTs.
  6. Pemantapan Ujian Naional (rutin). Indikatornya: Terlaksanannya Pengayaan / Tambahan Jam Belajar sehingga Kompetensi Dasar peserta didik memenuhi standar untuk kelulusan
  7. Pelaksanaan Uji Coba/Try Out UASBN/UN (strategis). Indikatornya: Terlaksananya Uji Coba/Try Out untuk hasilnya dievaluasi untuk mengadakan pengayaan agar target kelulusan tercapai

Sasaran : Peserta didik dapat mengembangkan potensi penuh sebagai anggota masyarakat
Kegiatan dan Indikatornya

  1. Kegiatan pengembangan akademis dan non akademis (Siswa Teladan, Bidang Study, Olahraga, Seni dan Pentas PAI) (strategis). Indikatornya:Mengirimkan 30 Peserta Didik untuk mengikuti lomba siswa teladan, bidang studi, olahraga seni dan pentas PAI di tingkat kecamatan
  2. Kegiatan pengembangan budaya dalam bentuk pertunjukan seni kedaerahan  (strategis). Indikatornya: Terlaksananya kegiatan Pentas Seni Siswa dengan menampilkan minimal 20 kreatifitas seni
  3. Kegiatan pengembangan nilai-nilai keagamaan (strategis). Indikatornya: Terlaksananya kegiatan pengembangan kepribadian peserta didik pada bulan Ramadhan dengan memberikan materi-materi pembentuk keperibadian seperi sopan santun, contoh tauladan dari nabi-nabi, nilai-nilai kemasyarakatan dll serta monitoring kegiatan dalam bentuk buku ramadhan untuk mengetahui perkembangan kepribadian peserta didik
Sasaran dan Inditator Kegiatan Pengembangan Standar Isi Rencana Kerja Tahunan (RKT) dan Rencana Kegiatan dan Anggaran Sekolah (RKAS) 2013
(sesuai dengan Implementasi Permendiknas nomor 22 tahun 2003)Sasaran : Kurikulum sesuai dan relevan
Kegiatan dan Indikatornya

  1. Penyusunan Pembagian Tugas Guru dan Jadwal Pelajaran (rutin). Indikatornya: Dapat tersusunnya pembagian tuas sesuai dengan SPM.
  2. Penyusunan Program Tahunan (rutin). Indikarornya: Dapat tersusunnya Program tahunan dengan baik sesuai dengan standar isi.
  3. Penyusunan Program Semester (rutin). Indikatornya: Dapat tersusunnya Program Semester dengan baik
  4. Pembuatan Silabus (rutin). Indikatornya: Ada silabus tertulis yang benar dari kelas I – VI yang dikembangkan berdasarkan Standar Isi dan Standar Kompetensi Lulusan.
  5. Pembuatan Rencana Pelaksanaan Pembelajaran (RPP) (rutin). Indikatornya: Ada RPP tertulis untuk setiap kompetensi berdasarkan prinsip-prinsip pembelajaran.
Sasaran dan Inditator Kegiatan Pengembangan Standar Proses Rencana Kerja Tahunan (RKT) dan Rencana Kegiatan dan Anggaran Sekolah (RKAS) 2013
(sesuai dengan Implementasi Permendiknas nomor 41 tahun 2007)Sasaran : Pembelajaran dilaksanakan dengan menggunakan metode yang interaktif, inspiratif, menyenangkan, kreatif dan menantang dan memotivasi peserta didik
Kegiatan dan Indikatornya

  1. Pengadaan Sarana Penunjang KBM (rutin). Indikatornya: Tersedianya sarana penunjang KBM agar pembelajaran dapat teralaksana dengan menyenangkan.
  2. Pembelian Buku Penunjang Pembelajaran (rutin). Indikarornya: Tersediannya buku penunjang pembelajaran.
  3. Pengadaan Alat Pembelajaran (strategis). Indikatornya: Tersedianya alat penujang pembelajaran yang mendukung terlaksanannya KBM yang interaktif
Sasaran : Terlaksananya Program Kesiswaan yang baik

Kegiatan dan Indikatornya

  1. Penerimaan Siswa Baru (rutin). Indikatornya: Terlaksananya Program Kesiswaan yang baik yang salah satunya penerimaan siswa baru bisa mengakomodir siswa melaksanakan program wajib belajar.
Sasaran : Terlaksananya Program ekstraulikuler wajib

Kegiatan dan Indikatornya

  1. Penyusunan Program Ekstrakulikuler Pramuka  (rutin). Indikatornya: Tersedianya program Pramuka yang baik
  2. Kegiatan Perkemahan Pramuka (strategis). Indikatornya: Terlaksananya program perkemahan

Geguritan

Geguritan asale saka tembung lingga “gurit” kang ateges : kidung utawa tulisan kang awujud tatahan. Dene geguritan nduweni teges : rumpakan mawa basa Jawa kang isine ngenani wedharing gagasan panguneg-uneg saka njeroning ati panganggite kang nuduhake rasa susah, bungah, marem, kuciwa, lsp sarta nduweni paugeran kang gumathok yaiku:

1. Cacahe saben gatrane ora tertemtu

2. Saben-saben gatrane guru wilangan lan guru lagu

Nanging ana geguritan kang surasane gatra siji lan sijine ora runtut/ora ana gegayutane, nanging mburu guru swarane utawa tembung-tembung kang endah. Tuladha geguritan kang nengenake guru wilangan lan guru lagu :

Lelakon jaman saiki

Kabeh pemudha pemudhi

Kutha desa gunung sami

Wis padha nglirwakake budi pekerti

Lali marang sing dadi pepesthi

Duweni suba sita kang kurang mranani ati

Tuladha geguritan kang nengenake guru lagu lan guru wilangan :

Orak arek orak arek

Cecak gedhe jare tekek

Paku kayu aran patek

Cingeng padha karo cewek

Gimbal kacang iku peyek

Kodhok muni jare ngorek

Ana 2 cara kanggo ngapresiasi geguritan, yaiku :

1. Kanthi cara langsung, yaiku nganakake kagiyatan maca, mangerteni isine banjur ngrasakake isine geguritan.

2. Kanthi cara ora langsung, yaiku nyinaoni teori sastra utawa maca wacana kang ana gegayutane karo geguritan.

Babagan/unsur sing ana ing njero geguritan, yaiku :

1. Purwakanthi swara

2. Tembung-tembung pilihan

3. Larik/baris

4. Pada

Kagiyatan maca geguritan iku ngapresiasi geguritan kanthi cara langsung, mula supaya maca geguritan iku kepenak dirungokake mbutuhake vokal/swara kang apik. ekspresi lan penghayatan.

Tuladhane geguritan

JAMAN EDAN

Karipta dening : Soenarwan Hadipoernomo Latimin Winata Adi

Hamenangi jaman edan

Ewuh aya ing pambudi

Jantraning wus pinasthi

Ubenging cakra manggilingan

Garising lelakon bakal tumiba

Sapa lena bakal binanda

Sapa lali bakal keli

Jagad isine mung angkara

Kang hingoyak mung hanumpuk bandha

Datan eling Purwa, Madya, Wasana

Kabeh padha ngaku bener

Sejatine keblinger

Wong jujur kojur

Wong lugu kepalu

Wong ngaku alim nanging pulasan

Jagad anyar bakal ginelar

Tekane jaman kasucian

Tekane pengadilan gusti

Mula, prayoga den eling lawan waspada

Sabar narima, welas asih mring sapadhah-padha

Cerita rakyat minangka cerita kang dumadi wiwit jaman biyen. Kanyatan ngenani isine durung bisa dipesthekake, amarga crita rakyat dumadi kanthi lisan. lantaran dumadining crita kanthi lisan, menawa dilantarake marang wong liya mesthi wae beda panampane. Ana kang kurang, ana kang ditambah-tambahi utawa mlenceng saka sumbere. Crita kang mangkene iki kang diarani fiksi.

Wujud crita fiksi / Dongeng :

  • Fabel

Fabel yaiku dongeng kewan sing bisa wawangunem kaya manungsa.

Tuladha : Kancil karo Baya, Kncil Nyolong Timun,lan liya-liyane.

  • Legenda

Legenda yaiku dongeng asal-usuling ( dumadine ) panggonan utawa barang.

Tuladha : Dumadine Rawa Pening, Tangkuban Prau,Dewi Sri,lan liya-liyane.

  • Mite

Mite yaiku dongeng sing ana sesambungane karo roh,alam gaib.

Tuladha : Nyi Roro Kidul, Thuyul,lan liya-liyane.

Pidato utawa Sesorah

Pidhato utawa ana sing nyebut sesorah tegese micara ing sangarepe wong akeh utawa umum, ana uga kang ngandharake yen pidato utawa sesorah yaiku medharake gagasan utawa panemu kanathi migunakake basa lisan ing ngarepe wong utawa pamireng akeh.

Ancasing pidato :

  1. Atur pambagya, yaiku sesorah kanggo nampa rawuhe tamu kang ana ing acara apa wae kayata acara supitan, tanggap warsa (ulangtahun) lan sapiturute.
  2. Atur kabar, pawarta utawa informasi. Informasi ing kene bisa arupa palapuran utawa nyritakake sawijining bab marang pamirsa (pangrungu/pendengar). Bab sing kudu digatekake yaiku sing sesorah kudu bisa medharake kanthi cetha/gambling perkara apa kang kudu dimangerteni dening wong akeh. Pamiarsa kang sadurunge ora ngerti babar pisan dadi ngerti/gambling informasi kang diwedharake. Umpamane sesorah palapuran ing rapat organisasi, promosi sawijining barang lan sapiturute.
  3. Aweh panglipur/hiburan (menghibur), Sesorah kanggo aweh panglipur iki kanthi ancas supaya sing mirengake bisa seneng panggalihe, umpamane ing acara mantu, tanggap warsa lan sapiturute. Bisa uga kanggo panglipur inga cara layatan supaya kulawarga sing lagi bela sungkawa/kasripahan bisa nampa kanthi tabah lan eklas.
  4. Pangajak, sesorah ingkang sipat pangajak kanthi ancas supaya sing mirengake percaya banjur kapilut/melu, katut, katarik atine lan gelem nindakake apa kang diwedharake sing sesorah. Umpamane sesorah ing papan ibadah, sesorah ing babagan agama lan sapiturute.

Kagiyatan pidhato diwiwiti kanthi nemtokake urutan-urutan kaya ing ngisor iki.

Naliti prakara kanthi :

  1. Nemtokake arahan utawa tujuan pidhato kang bakal digayuh.
  2. Naliti pamiarsa kayata lanang kabeh utawa wedhok kabeh, umure rata-rata piro, lsp.
  3. Naliti kahanan kayata wayah esuk, awan utawa bengi, bisa uga lagi mangsa apa.
  4. Milih lan mbatesi topic.

Nata pidhato kanthi :

  1. Nglumpukake bahan.
  2. Nata utawa nggawe cengkorongan (rangkane pidhato).
  3. Ngandarake kanthi cetha.

Gladhen kanthi migatekake :

  1. Intonasi utawa lagu swara
  2. Sikap
  3. Gaya basa
  4. Wirama

Anggone pidhato bisa tumindak kanthi rancag lan apik, perlu dianakake kagiyatan Pambuka, yaiku :

  1. Nata pokok-pokok pikiran
  2. Ngripta pokok-pokok pikiran dadi ukara pokok
  3. Nggawe cengkorongan (rangkane pidhato)
  4. Ngandharake pidhato kanthi migatekake cengkorongan kang wis ditata.

Tata cara (metode) pidhato bisa katindakake kanthi :

1.    Cara naskah

Pidhato kanthi cara iki migunakake teks utawa naskah kang diwaca kanthi langsung. Cara iki nduweni kekurangan, yaiku kaku amarga antarane pidhato lan pamiarsa ora bisa bebas anggone padha nyawang sarta lagu ukara (intonasi).

 2.    Cara apalan

Cara iki akeh digunakake dening wong kang nembe ajar pidhato yaiku kanthi cara nyawisake naskah (teks) banjur diapalake.

3.    Cara impromptu

Cara iki rada bedha karo loro cara sadurunge yaiku pidhato ora nyawisake luwih dhisik bahan amarga wektune cumpen nanging kanthi adhedasar kapinteran, kawruh lan pengalaman kagiyatan micara bisa katindakake kanthi lancar.

 4.    Cara ekstemporan

Cara iki namung nganggo cathetan cilik kang isine balunganing karangan. Cara pidhato iki ora ngapalake tembung-tembung nanging bisa ngembangake nganggo basane dhewe.

Perangane naskah pidato

  1. Salam pambuka
  2. Purwaka basa / pambuka, yaiku ngunjukake puji marang Gusti, atur panuwun marang para rawuh utawa pawongan liyane.
  3. Surasa basa / isi, yaiku undheraning bab kang diwedharake
  4. Dudutan / wigatining isi, simpulan isining wedharan mau.
  5. Pangarep-arep yaiku bab-bab kang dipesenake utawa dikarepake kanthi ananing sesorah kang wus ditindakake.
  6. Wasana basa / panutup, biyasane atur panuwun lan nyuwun pangapura yen ana kaluputan sasuwene medharake sesorah.

Supaya anggone sesorah bisa kaleksanan kanthi becik, mula sing sesorah kudu nggatekake bab :

1.    Basa

Basa sing digunakake kudu laras/cocog karo sing diadhepi. Basa ngoko digunakake menawa sing diadhepi iku bocah utawa luwih enom tinimbang sing sesorah. Basa kramadigunakake menawa ngadhepi wong sing luwih tuwa utawa wong sing kudu dikurmati.

Wong sing sesorah iku uga kudu ngerti kahanan, yen ing desa utawa kampong bias nggunakake basa karma kabeh, nanging yen ing kutha bisa kacampur bahasa Indonesia laras karo sing mirengake.

Manut kanyatan ana ing adicara temanten, syukuran, supitan, tanggap warsa (ulangtahun), basa sing digunakake yaiku basa krama sing becik kacampuran basa rinengga supaya becik menawadirungokake lan tandha kurmat marang tamu sing padharawuh. Prayogane basa sing digunakake iku prasaja, ukarane ora ngambra-ambra lan wusanane penak dirungokake dening wong liya.

 2.    Busana

Ajining raga sakabusana. Menawa sesorah prayogane migunakake busana sing becik lan sopan. Bab iki kajaba ngurmati sing padha mirengaken sesorah uga bisa kanggo njagani lan ngajeni awake dhewe. Busana uga kalarasake karo kahanan lan tujuan.

 3.    Swara

Wiramaning swara sing kepenak dirungokake, aja keseron utawa alon banget anggone ngucapake tetembungan sing cetha, ora groyok, ora kecepeten saengga apa kang diwedharake gampang dingerteni karepe, iramane ora lugu kaya wong maca buku.

 4.    Solahbawa, patrap (sikap)

Solah bawane wong sesorah iku kudu manteb lan teteg madhep marang pamriksa, tangann gapurancang, aja tumungkul/ndhingkluk lan aja ndangak.

Tuladhane sesorah Atur Pasrah pinanganten Kakung

Assalamu alaikum wr. Wb

Kasugengan saha sih nugrahaning Gusti ingkang akarya Loka mugi kajiwa lan kasarira wonten panjenengan sadaya lan kula amin

Pamjenenganipun Bapak ……….sekaliyan garwa ingkang kinurmatan, ingkang wonten kelengahan punika dipun salirani panjenenganipun Bapa………………ingkang pantes sinugata ing tata krani. Keparenga kula minangka talanging basa panjeneganipun Bapa………… sekaliyan garwa, ngabiyantara ( tepa ngapurancak) sowan wonten ngarsa panjenengan humiring putra temanten kakung anak mas…………………..dene wigatosing perlu nuninggih mekaten

Sepisan hangaturaken salam taklimipun panjenengan Bapa ………………sekaliyan garwa katur panjenenganipun Bapa…………………sekaliyan garwa dalasan sedaya kadang kulawarga.

Kaping kalihipun kinen hangaturaken sekar cempaka saksele nuninggih penganten kakung anak mas……………….mugi katampi kanthi renaning penggalih kanthi panyuwunan inggal kadhaupaken kalayan atmaja putrinipun bapa ……………………ingkang nama rara ayu…………..miturut adat widi widana ingkang lumampah wonten ing tlatah mriki. Kula sapengambyong namung jumurung karsa mugi tumapaking titi laksana rancag lancer tan manggih rubeda sinartan puji donga, mugi Gusti Allah ingkang Maha Agung tansah paring nugraha jejodhohan pinangaten kekalih.

Mekaten pepuntaning atur, jenang sela wader kali sesondheran, apuranta menawi lepat nyuwun pangapura. Waduk gajah mungkur wanagiri, menawi wonten kladhuking atur nyuwun agunging pangaksami.

Wassalamu alaikum wr.wb.

Do you ever feel like a plastic bag,
drifting through the wind
wanting to start again?
Do you ever feel, feel so paper thin
like a house of cards,
one blow from caving in?

Do you ever feel already buried deep?
6 feet under screams but no one seems to hear a thing
Do you know that there’s still a chance for you
‘Cause there’s a spark in you

You just gotta ignite, the light, and let it shine
Just own the night like the 4th of July

‘Cause baby you’re a firework
Come on, show ’em what you’re worth
Make ’em go “Oh, oh, oh”
As you shoot across the sky-y-y

Baby, you’re a firework
Come on, let your colors burst
Make ’em go “Oh, oh, oh”
You’re gonna leave ’em falling down-own-own

You don’t have to feel like a waste of space
You’re original, cannot be replaced
If you only knew what the future holds
After a hurricane comes a rainbow

Maybe your reason why all the doors are closed
So you could open one that leads you to the perfect road
Like a lightning bolt, your heart will blow
And when it’s time, you’ll know

You just gotta ignite, the light, and let it shine
Just own the night like the 4th of July

‘Cause baby you’re a firework
Come on, show ’em what you’re worth
Make ’em go “Oh, oh, oh”
As you shoot across the sky-y-y

Baby, you’re a firework
Come on, let your colors burst
Make ’em go “Oh, Oh, Oh”
You’re gonna leave ’em falling down-own-own

Boom, boom, boom
Even brighter than the moon, moon, moon
It’s always been inside of you, you, you
And now it’s time to let it through-ough-ough

‘Cause baby you’re a firework
Come on, show ’em what you’re worth
Make ’em go “Oh, Oh, Oh”
As you shoot across the sky-y-y

Baby, you’re a firework
Come on, let your colors burst
Make ’em go “Oh, Oh, Oh”
You’re gonna leave ’em falling down-own-own

Boom, boom, boom
Even brighter than the moon, moon, moon
Boom, boom, boom
Even brighter than the moon, moon, moon

You’re insecure
Don’t know what for
You’re turning heads when you walk through the door
Don’t need make up
To cover up
Being the way that you are is enough

Everyone else in the room can see it
Everyone else but you

[Chorus]
Baby you light up my world like nobody else
The way that you flip your hair gets me overwhelmed
But when you smile at the ground it aint hard to tell
You don’t know
Oh Oh
You don’t know you’re beautiful

If only you saw what I can see
You’ll understand why I want you so desperately
Right now I’m looking at you and I can’t believe
You don’t know
Oh oh
You don’t know you’re beautiful
Oh oh
But that’s what makes you beautiful

So c-come on
You got it wrong
To prove I’m right I put it in a song
I don’t know why
You’re being shy
And turn away when I look into your eyes

Everyone else in the room can see it
Everyone else but you

[Chorus]
Baby you light up my world like nobody else
The way that you flip your hair gets me overwhelmed
But when you smile at the ground it aint hard to tell
You don’t know

Oh oh
You don’t know you’re beautiful

If only you saw what I can see
You’ll understand why I want you so desperately
Right now I’m looking at you and I can’t believe
You don’t know
Oh oh
You don’t know you’re beautiful
Oh oh
But that’s what makes you beautiful

[Bridge]
Nana Nana Nana Nana
Nana Nana Nana Nana
Nana Nana Nana Nana

Baby you light up my world like nobody else
The way that you flip your hair gets me overwhelmed
But when you smile at the ground it aint hard to tell
You don’t know
Oh Oh
You don’t know you’re beautiful

[Chorus]
Baby you light up my world like nobody else
The way that you flip your hair gets me overwhelmed
But when you smile at the ground it aint hard to tell
You don’t know
Oh oh
You don’t know you’re beautiful

If only you saw what I can see
You’ll understand why I want you so desperately
Right now I’m looking at you and I can’t believe
You don’t know
Oh Oh
You don’t know you’re beautiful
Oh oh
You don’t know you’re beautiful
Oh oh
But that’s what makes you beautiful

Bawang lan Bawang Putih

Ceritra saka Jawa Tengah

Jaman bien kuna, ana ing sawijine desa urip sakaluarga yaiku rama, biyung lan cah ayu arane Bawang Putih. Kaluarga mau dadi keluarga sing bagyo. Nalika Ramane Bawang Putih pahalane mung dagang cilikan, nanging uripe rukun lan dame. Nanging sawijining dina biyunge Bawang Putih lara sing ora bisa ditulungi lan akhire ninggal dunia. Bawang Putih sedih pisan lan ramane uga.

Ing desa lia urip uga janda sing duwe anak sing arane Bawang Abang. Sauwise buyunge Bawang Putih mati, biyunge Bawang Abang kerep maring umahe Bawang Putih. Biyunge sering nggawa panganan, rewangi Bawang Putih resik-resik umah utawa ngancani Bawang Putih lan ramane kandahan. Akhire ramane Bawang Putih kepikir mungkin lewih apik nek mbojo karo beyunge Bawang Abang supayane Bawang Putih ora dewekan maning. Mula kui ramane Bawang Putih mbojo karo beyunge Bawang Abang. Awal mulane beyunge Bawang Abang lan Bawang ulate apik karo Bawang Putih. Nanging suwe-suwe sifat asline keton. Kae kerep ngomei Bawang Putih lan aweh pahalan abot nek ramane Bawang Putih uwis lunga dagang. Bawang Putih kudu lakoni kabeh pahalan umah, nanging Bawang Abang lan beyunge mung males-malesan. Ramane Bawang Putih ora ngerti tindakan mau, wong Bawang Putih ora tau wadul.

Sawijining ramane Bawang Putih lara lan ninggal dunia. Mulai Wektu kui Bawang Abang lan beyunge sing nguwasani kabeh lan gawe ulah semena-mena karo Bawang Putih. Bawang putih ora tau leren. Bawang Putih kudu uwis tangi nalika urung subuh, kanggo nyiapake banyu adus lan sarapan kanggo Bawang Abang lan beyunge. Banjur Bawang Putih kudu aweh pakan kanggo ternake, nyirami kebon lan masui klambi marang kali gede. Sauwise banjur nggosok klambi, beberes omah, lan esih akeh pahalan liane. Nanging Bawang Putih seneng lakoni pahalan kui, amarga Bawang Putih ngarepake sawijing dina biyung tirine bisa seneng karo deweke kaya dene anake dewek.

Esuk iki wis dadi biasane Bawang Putih nggawa keranjang isi klambi sing arep diwasuh ing kali. Karo nembang suara lirih mlaku dlan setapak ing pinggir hutan cilik sing biasa diliwati. Dina kui cuacane cerah banget. Bawang Putih cepet-cepet masui kabeh klambi kotor sing digawa. Saking asike, Bawang Putih ora sadar salah siji klambine keli kegawa arus. Siale klambi sing keli klambine beyung tirine sing paling disenengi. Pas sadar, klambine beyung tirine uwis keli adoh. Bawang Putih usaha nyusuri kali kanggo golet klambi mau, nanging ora ketemu. Karo putus asa bali omah banjur cerita karo beyung tirine.

“Dasar crobo!” bentak beyung tirine. “Aku ora peduli, pokoke ko kudu golet klambi kui! lan aja wani bali omah seurunge ko nemokake. Ngerti.?!”

Bawang Putih kepaksa nuruti karepe beyung tirine. Bawang Putih gagean nusuri kali sing kanggo ngumbai. Srengenge uwis mulai duwur, nanging Bawang Putih durung nemu klambi beyunge. Bawang Putih teliti nggolet klambi beyunge ing saben oyod sing nang pinggir kali, mbokan klambine beyunge kali nang kana. Uwis adoh mlaku lan srengenge wis nang kulon, Bawang Putih weruh tukang angon agi ngadusi kebone. Bawang Putih takon :”Paman, nopo priksa wonten rasukan abrit ingkang keli teng riki? amargi kulo kudu mekto wangsul rasukan meniko.”

“Iya cah ayu aku weruh, nek koe ngolet cepetan, mungkin esih bisa ketemu,” wangsale paman.

“inggih paman, matur nuwun.” Bawang Putih nimbali lan gagean mlayu maning nusuri kali.

Dina wis mulai peteng, Bawang Putih uwis putus asa. Sedela maning wengi, sekang kadoan keton cahya lampu sing asale saka omah gubug ing pinggir kali. Bawang Putih gagean mampir omah kui lan totok lawang.

“Kulonuwun…!salam Bawang putih. Wong wadon tua mbukak lawang.
“Sapa koe nduk?” takon mbah kui.

“Kulo Bawang Putih mbah. Wau kulo madosi rasukan beyunge kulo sing keli. Saniki sampun wengi. Angsal kulo tilar teng mriki wengi niki.?” takon Bawang putih.

“Ulih nduk. Apa klambi sing koe goleti warnane abang?” takon mbahe.

“Nggih mbah, Nopo mbahe priksa?” takon Bawang Putih.

“Iya. Mau klambine nyangkut nang ngarep omahku. Sayang, padahal aku seneng klambi kui,” si mbah ngomong.

“Ya aku pan mbelekna klambi kui, tapi cah ayu kudu ngancani aku seminggu nang kene. Uwis suwe aku ora tau kandahan karo sapa-sapa, kepriwe?” njaluke mbahe.

“nggih mbah, kulo bade rencangi mbahe seminggu, napa mbah mboten bosen kalih kulo,” jawab Bawang Putih kalih mesem.

Seminggu Bawang Putih manggon karo mbah kui. Aben dina Bawang Putih rewangi mbah pahal pahalan omah. Temtu mbah mau seneng. Wis seminggu, mbah nyeluk Bawang Putih.

“Nduk, wis seminggu koe manggon nang kene. Lan aku seneng amarga koe sregep lan ngabekti. Janjine aku koe ulih nggawa bali klambi beyungmu. Lan siji maneh, koe ulih milih salah siji kang loro waluh iki kanggo hadiah,” omonge mbahe.

Awale Bawang Putih moh nerima pawehe mbahe tapi dipaksa. Banjur Bawang Putih milih waluh sing cilik. “Kulo wedos mboten kiat mbekto sing ageng,” omonge Bawang Putih. Mbah mesem lan nganter Bawang Putih tekan ngarep omah.

Dung tekan omah, Bawang Putih ngewehna klambi abang gone beyung tirine, banjur Bawang Putih lunga meng dapur arep mbelah waluh kuning mau. Banget kagete Bawang Putih nalika waluk kui kebelah, njerone isine emas permata akeh banget. Bawang Putih njetit saking senenge lan aweh ngerti kejadian kui marang beyung tirine lan Bawang Abang karo serakah langsung ngrebut emas permata kui. Kabeh maksa Bawang Putih nyeritakake kepriye bisa olih hadiah ki. bawang Putih langsung cerita apa anane.

Ngrungu ceritane Bawang Putih, Bawang Abang lan beyunge nduweni rencana kanggo nglakokake apa sing lakokake Bawang Putih nanging saiki Bawang Abang sing pan mangkat. Bawang Abang langsung maring omah mbah tua nang pinggir kali. Kaya Bawang Putih, Bawang Abang dijaluki manggon seminggu kanggo ngancani. ora kaya Bawang Putih sing sregep, selama seminggu Bawang Abang gur males-malesan. Umpama pahal ya pahalane ora tau beres lan dipahali asal-asalan. Uwis seminggu mbah ngolihna Bawang Abang mulih.

“Bilih Mbah maringi waluh dateng kulokangge hadiah sampun ngrencangi seminggu?” takon Bawang Abang. Mbah mau kepaksa prentah Bawang Abag milih salah siji kang loro waluh sing ditawarake. Gagean Bawang Abang njimot waluh sing gede lan tanpa ngucapaken maturnuwun, mbah geleng-geleng trus lunga.

Gutul omah Bawang abang langsung nemoni beyunge lan karo senenge ndelengaken waluh sing digawa. Amarga wedi Bawang Putih njaluk bagian, prentah Bawang Putih lunga meng kali. Banjur ora sabar waluh dibelah. Nanging udu emas permata sing metu seka waluh kui, nanging kewan-kewan wisanen kaya ula, kalajengking lan liane. Kewan-kewan mau langsung nyerang Bawang Abang lan beyunge kanthi mati. Kui walesan kanggo wong sing serakah.